BAB : 2
Pengertian teks anekdot bahasa Jawa inggih menika satunggaling teks (tulisan utawa non tulisan) cekak ingkang ngemot dumateng cerito ingkang adhedashar kisah nyata tur menarik minangka salah satunggalipun tiyang utawi tokoh.
2. Struktur Teks Anekdot
a. Abstraksi : Bagian iki bisa gambarake isi teks anekdot secara umum karo tujuam supaya pamaca bisa gambarake ilustrasi cerita.
b. Orientasi : Awal saka kedadean ing siji ceta utawa bagian sing jelasake latar mburi apa kedadean utama ing teks entuk kedadean.
c. Krisis. kanggonan iki ngaruwanke ngenani baku masalah utama ing teks anekdot.
d. Reaksi. kanggonan panggenep ing teks anekdot sing bentuk penyelesaian masalah.
e. Koda. kanggonan iki ngrupakne penutup crita ing teks anekdot.
3. Jenise Teks Anekdot ( Pelajari LKS halaman 40-41 )
a. Anekdot lisan
b. Anekdot Teks
4. Tuladha Teks Anekdot
Klambi Larang
Budi lagi bocah SMA, tapi nduwe hobi seneng tuku klambi. Beda karo kancane sing jenenge Adit. Esuk-esuk tekan sekolahan Adit nyawang saka kadohan tibaknen Budi wis teka lan lagi dolanan HP. adit terus marani bangkune Budi. Adit: “Woy, masak isuk-isuk wis ndeloki katalog klambi wae”. Budi: “Lah, iki deloken apik puol klambine. Larang iki". Adit: “Ndelok? Piro sih? Halah sak mono kok larang. Ono sik luwih larang meneh". Budi: “Masak sih? Iki kan branded. Emang enek sik luwih larang meneh?” Adit: “Ono klambi sik regane iku sak milyar". Budi: “Byuh, larange. Klambi opo sak milyar ki? Mending tak nggo tuku mobil". Adit: “Klambine tahanan KPK".

Komentar
Posting Komentar