MATERI BASA JAWA
UNGGAH UNGGUH BASA Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki: Basa Ngoko 1. Ngoko lugu Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab. Penganggone: Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina. Dienggo ndhuwuran marang andhahan. Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane. Tuladha: Kowe gelem turu kene, Mbak? ...